Halaman


Kamis, 11 April 2013

SURASA BASA



A.    Piwulang Sastra Jawi ing Pawiyatan Dasar
Piwulang sastra ing pawiyatan dasar inggih menika piwulang sastra kangge lare alit. Sastra kangge lare inggih menika karya sastra ingkang khusus saged dipun pahami dening lare alit lan isinipun babagan “dunia anak” ingkang sampun akrab kalihan lare alit ingkang yuswanipun 6–13 taun, amargi “sifat sastra anak adalah imajinasi semata, bukan berdasarkan pada fakta” (Brata: 2009). Piwulang sastra kangge lare pawiyatan dasar kedhah dipun sesuaiake kalihan “dunia anak” ingkang kathah unsur imajinasinipun.
Jenis sastra ingkang cocok kangge lare pawiyatan dasar inggih menika: geguritan sederhana, tembang macapat, lelagon dolanan, lsp. Miturut Brata (2009) “berdasarkan tokoh utamanya, sastra anak dapat dibedakan atas 3 hal yaitu: 
1.      Sastra anak yang mengetengahkan tokoh utamanya benda mati
2.      Sastra anak yang mengetengahkan tokoh utamanya makhluk hidup selain manusia
3.      Sastra anak yang menghadirkan tokoh utama berasal dari manusia itu sendiri”.
Kejaba kangge piwulangan, sastra saged kangge media hiburan sak sampunipun nyinau pelajaran lintunipun, mbangun jatidirinipun lare, lan kangge nuntun kecerdasan emosi lare. Kanthi piwulangan sastra, ugi saged ngajari lare babagan moral sarta kangge ngrembakaaken imajinasi lan kreativitas siswa pawiyatan dasar. Susastra Jawi saged ndadosaken urip langkung sumringah lan gawe bungah tiyang kathah. Ing mriki penulis maringi watesan ingkang badhe dipun rembug langkung kathah ing makalah niki inggih menika sastra geguritan ingkang dipun aturaken ing piwulang basa Jawi kelas V pawiyatan dasar.

B.     Geguritan ing Pawiyatan Dasar
Geguritan niku prinsipipun sami kalihan puisi Indonesia modern. Miturut gampil lan ewetipun, geguritan kaperang dados kalih, inggih menika: geguritan kang sipate peteng (prismatis) lan geguritan kang sipate padhang (transparan). Ananging kedhah dipun mangertosi menawi prinsip nulis geguritan menika mboten benten kaliyan sastra lintunipun, kados prosa. Kedhah dipun siyagaaken saking ngajeng inggih menika:
1.      gagasan ingkang badhe dippun wedharaken (tema lan amanat),
2.      lajeng ditata ngangge alur ingkang runtut,
3.      dilakoake nganggo tokoh sinten (akuan utawi tiyang sanes)
4.      disimpen wonten ing gaya bunyi, gaya kata, gaya kalimat lan majas kados metafora lan personifikasi.
Ananging kangge lare pawiyatan dasar, geguritang ingkang dipun sinau tasih kalebet geguritan ingkang sederhana. Supados para siswa saged nampi piwulang sastra Jawi kanthi tepat, para dwija kedhah migunaaken metode pembelajaran ingkang variatif lan inovatif. Wonten pendidikan basa khususipun ing pawiyatan dasar kelas 5, kedahipun sedaya siswa sampun saged ngginakaken konteks basa kanthi leres lan trep, ingkang saged dados modal awal kangge nyinau geguritan.  

C.    Materi  Kangge Piwulang Sastra (Geguritan) Kelas V SD
Wonten ing piwulang sastra geguritan kelas V pawiyatan dhasar, Kangge piwulangan geguritan menika para dwija kathah ingkang ngginaaken metode demonstrasi, ceramah, tanya jawab lan latihan. kompetensi dasar ingkang badhe dipun capai woten 4 babagan inggih menika:
1.      Mirengake (nyemak) geguritan ingkang dipun waos kalihan dwija
2.      Maos geguritan ingkang wonten ing buku
3.      Nulis (nyerat) geguritan kanthi basanipun piyambak-piyambak
4.      “mengapresiasikan” sastra geguritan kanthi leres
Wonten ing ngajeng piwulangan, saksampunipun dwija medharaken sekedik perkawis babagan geguritan, dwija maringi tuladha maos geguritan ingkang trep kanthi intonasi lan gayanipun paraga ingkang sae. Geguritan ingkang dipun waos inggih menika:

Sega kenduri

Ngger, anakku aku dak kondho
Coba di rungu lan di rasa
Delengen sega kenduri iki
Biyen dadi pangab kang siji
 Nalika bapak isih bocah
Sega iki tansah di rayah
Merga jaman larang upa
Ora saben dina muluk sega
Beda karo saiki
Sega kenduri ra di ajeni
Mangka sega iki mberkahi
Di wenehi kanti ikhlasing ati
Mula ya ngger ….
Sega iki ojo di enggo dolanan
Yen pancen gelem ayo di pangan dene yen gemang pasrahma liyan
Kareben sega iki di pangan

Para siswa mirengaken lan migatosaken ngantos paripurna lajeng dipun paringi tugas kedhah nyariosaken lan njlentrehaken pangajab ingkang ingkang dipun aturaken wonten ing geguritan kala wau kanthi basanipun piyambak-piyambak, supados guru mangertosi sinten siswa ingkang dereng paham babagan geguritan kala menika.
Sak sampunipun para siswa mangertosi makna ingkang kalebet ing geguritan menika, siswa diparingi tugas ndamel geguritan kanthi basa ingkang sae. Lajeng para siswa maju setunggal langkung setunggal maosaken geguritan hasil karyanipun. 
Piwulang sastra kados menika sampun ngemot 5 perkawis keahlian sastra, inggih menika: maos, nyerat, nyemak (mirengake), micara lan apresiasi sastra kanthi leres. Saengga piwulang sastra kados menika saged efektif dipun ginaaken ing pawiyatan dhasar. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar